Blog Biasa dengan Content Luar Biasa

Rabu, 14 September 2016

Puisi Bahasa Jawa Dan Maknanya




Pahlawanku
(R. Tantiningsih)

Pahlawanku 
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

Penjelasan : Pahlawan nduweni bekti kang gedhe marang negara,,jiwa raga,bandha donya direlakake amung kanggo mujudake pangajab yaiku "Merdika"
Amanat : Ngeluhurake derajad pahlawan.Ngagungake asmane. Ngormati perjuangan.Ora lali dongakake supaya di tampa ing sisi Allah.

2. Geguritan Tema Sekolah
Sekolahanku
(Geguritan.com)

Sekolahanku ….
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku …
Diwulang dening Bapak-ibu Guru

Sekolahanku ….
Sinau, maca buku
Ing Panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki

Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku percaya …

Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
kareben ngesuk dadi wong kang aji
miguna tumprap bangsa lan nagari

penjelasan : geguritan “sekolahanku” ing duwur nyritakake’ sekolah kuwi panggonane nuntut ilmu.ing sekolah di wuruk’i ilmu sing manfaat. sakliyane kuwi geguritan iki ugo ngambarake para guru ugo muruk’i kita yoknopo carane menghormati sing luwih tua lan sapodo-podo.
Amanat : sing kadudut saka geguritan ing dhuwur,kita dadi murid kudu manut marang guru lan wong sing luwih tuwo.sergep sinau supaya bisa nggayuh cita-cita lan dadi wong sing manfaat kanggo nusa lan bangsa.


3. Geguritan Tema Ibu
Anggerku
(Yanik Agus Setyaningsih)

Ngger,
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger,

Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngge

Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh wis ora percaya karo biyung

Kabeh ki nyatane ngapusi
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung

Penjelasan : Geguritan" Anggerku " ngandhut raos saka ibu sing boros kedeningan akbiologi dhewe . Ceritane saka ibu sing njaluk ngapura amarga rumangsa ora bisa dadi ibu apik lan sampurna Piyambakipun rumaoso rabisa nyenengake putranipun..
Amanat : sawong ibu rumangsakne menawa uripe nglakoke akeh kaluputan marang anak lanange, rumangsa uripe sarwa salah. lagekne sang ibu wis nglakoke samubarange sing paling becik marang anak lanange. ning sang anak nganggep ibuke sanuli salah

4. Geguritan Tema Guru
Sertifikasi Guru
(Aris Irianti)

Sertifikasi Guru …
Kabeh wong wis padha krungu
Apa maneh ana kalangan guru
Nanging … kanthi sertifikasi guru mau
Apa bocah-bocah banjur mituhu

Ora wani karo Guru
Mugiya kanthi sertifikasi iki
Para siswa tambah bekti
Sinau ana sekolah kang mligi
Mantep, karep sajroning ati

Kanthi sertifikasi guru iki
Para guru ana kang ndaftar haji
Uga akeh kang tuku mersi
Nanging kang utama
Kanthi sertifikasi guru iki
Para siswa tambah prestasi
Lan bekti marang Ibu Pertiwi
Lan marang kang gawe urip pati

Penjelasan : Geguritan " Sertifikasi Guru" Ceritane ngendi guru bisa diwenehi tunjangan kanggo kaji , tuku mobil , lan tujuan liyane . Ana unsur liyane sing iku, antarane sing Sertifikasi Guru kang tujuanne  kanggo nggawe guru profesional . Nanging , iki keuntungan tinimbang digunakake kanggo tujuan liyane .
Amanat : Kanthi sertifikasi guru iki sing di utamake para guru yaiku siswa-siswine supaya tambah prestasi lan ngamalake ilmune supaya bisa migunani kanggo bangsa lan negara.

Guruku
( Sutapa, W.R )

wingi nalika sikil iki
tumapak sandhuwure bumi
durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka
alip, ba’, ta’, apa dene good morning teacher!

lumakuning srengenge wis ganti
panyawangku dadi padhang
terawangan
rasaku sangsaya …
ora bisa dakgambarake
sih tresnamu nabet njanget
sajroning atiku

lamun tanpa panjenengan
bisa apa aku nepaki bumi iki ?
leladimu marang aku
ora timbang karo piwalesku

bu guru, pak guru
jangkahku isih adoh
uripku isih nyamut-nyamut
sethithik setetes bun esuk
iku wis cukup
tinimbang banyu sekendhi
marakake ati mati

lepasen lakuku
lilakna labuh labetmu
dakumbare gagasanku
sedyaku kasembadan
donga pangestumu
nuntun marganing sedyaku

penjelasan : Geguritan “guruku “ ing duwur nyritakake’ matursuwun sanget marang guru sing wis ndidik lan muruk’i tanpa tanda jasa
amanat : Ing njerone geguritan kuwi nyitakake’ jasane guru iku gedhe,muruki kita saka ora bisa maca nganti bisa maca, saka ora bisa nulis nganti bisa nulis, saka ora bisa nulis nganti bisa nulis,nganti saiki bisa nglakoni iku kabeh .

5. Geguritan Tema Lingkungan
Lintang Panjer Rahina
(Slamet SA) 

Geguritan Bahasa Jawa Tema Lingkungan Lintang Panjer Rahina
Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi Pepadhang sagung dumadi

Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki
Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja

Para santri wiridan ngaji
Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

Penjelasan : Di ceritakake ing “Lintang Panjer Rahina”, nggambarake atmosfer ing isuk, tokoh saka srengenge kang madhangi kabeh sing ana ing bumi 
Amanat : menawa tenan gedhe guna sing diwenehna srengenge marang kabeh makhluk urip sing ana neng bumi iki. menehake guna marang manusia kanggo ngupadi ngais rejeki nggoleki nafkah kanggo uripe.

Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Jumlah Pengunjung

Postingan Populer